Nalika mendhung peteng ndedet
Kahanan kang tambah ruwet
Nunjem ing tengahing wengiGawe kabeh ra ono arti
Ing ati lan lathi ora podo
Amung tresna sing isa nenangake ati iki
Listyaning tumindakmu
Lir sumilire bayu nggugah langkah
Ombak samodra kang nggeret pangarep
Nggawa mlayu ing tengah kana
Sansaya adoh anggonku ngoncet
Uga ora bakal kuwi kecekel
Duh cahyaning bumi kang cumlorot ing atiku
Apa sliramu ngerti isi atiku
Atiku kelara-lara tok tinggal lungo
"DANA_171210"
No comments:
Post a Comment