CIDRO
Tak betah betahke anggonku ngrasakke
Mrono mrene kowe mblenjani
Nanging tetep tak belani
Ati lan lathi iki ora sarujuk
Mergo jangkahmu kang ora pener
Pepujan ati,,
Ana ngendi aku nggoleki sliramu
Supaya mlakumu iso tak tiru
Listyaning tumindakmu kang tak tunggu
Dudu rusaking panganganku mergo sliramu
Cahyaning rembulan ing wayah wengi
Tansah agawe ati sansaya gela
Ana ing tengah padange wengi
Sliramu ngucapke janji
Nanging saiki kabeh ra ono arti
Sliramu lunga ninggalake CIDRO
Nanging,
Nalika sang surya isek bisa cumlorot,
Ra bakal aku nyerah ngentokke tulusing tresnamu
"DANA_171210"
No comments:
Post a Comment