Sunday, May 26, 2013

Tresna iki

Sumilir angin ing tengah wengi
Ngancani tangis ing jroning ati
Kang ora bisa nampa kabeh iki

Atiku lara tanpa rasa
Donyo uga melu nelangsa
Kaya urp ora guna

Saktenane aku iseh tresna
Saktenane aku ora lila
Sliramu ninggal aku lunga

Aku ora kuwasa
Aku ora bisa
Nadyan sing tak rasa
Bedo karo pangangenku
Aku mung bisa ndedonga
Marang kang Maha Kuwasa

Senadyan janji iki ngiris ati
Tresnaku amung siji
Kanggo sliramu sing tak tresnani

Selawasee
tak tresnani

"DANA_171210"

No comments:

Post a Comment